Monday 25 April 2022

UNGGAH-UNGGUH BAHASA JAWA

Unggah-ungguh basa Jawa ana 4, yaiku:

1. NGOKO LUGU

         Tembunge ngoko kabeh

         Ater-ater lan panambang ngoko

         Tuladha : 

                a. Aku lagi maca bausastra.

                b. Adhiku lagi mangan bakso.

                c. Aldebaran mangan tela godhog.

                d. Syahrini gawe buku sing irah-irahane “Sesuatu”.

         Panganggone ngoko lugu

                a. Guneman karo wong kang wis kulina/akrap (kanca karo kanca)

                b. Guneman pawongan kang lewih sepuh marang kang luwih enom.

                c. Guneman pawongan kang status sosiale dhuwur marang pawongan 

                        kang status sosiale luwih endhep.

         Rumus ngoko lugu: 



2. NGOKO ALUS

         Tembunge ngoko lan krama inggil

         Ater-ater lan panambang ngoko

         Tembung krama inggil kanggo ngurmati wong liya, sing didadekakae krama inggil yaiku:

                a. Tembung kriya (kata kerja), tuladha : mangan dadi dhahar

                b. Tembung sesulih ( kata ganti/pronomina), tuladha : kowe dadi panjenengan

                c. Tembung aran ( kata benda ), tuladha : umahe dadi daleme

         Tuladha:

                a. Mas Ibnu lagi sare.

                b. Daleme Pak Lurah adoh banget

                c. Bukune diasta Mbak Inggiit

         Panganggone ngoko alus

                a. Guneman wong kang wis akrap nanging tetep pengin ngajeni 

                        (guru kang wis akrap, adhi marang kakang utawa mbakyune)

         Rumus Ngoko  alus:

 

3. KRAMA LUGU

         Kabeh tembunge krama

         Ater-ater lan panambang krama

         Tuladha :

                a. Samenika semah kula nyambut damel wonten Semarang

                b. Sampeyan sampun nedha, Pak?

                c. Simbah sakit malaria.

         Panganggone krama lugu

                a. Pawongan kang drajate luwih dhuwur  

                        marang andhahane nanging luwih tuwa.

                b. Marang tanggane nanging durung patia akrap.

         Rumus krama lugu: 


4. KRAMA ALUS

         Tembunge krama lan krama inggil

         Ater-ater lan panambang krama

         Tuladha:

                a. Simbah nembe gerah.

                b. Bu Dhe Rina sampun sare.

                c. Bapak nembe dhahar

         Sapa sing nganggo basa krama alus?

                a. Murid marang guru

                b. Anak marang wong tuwane

                c. Putu marang simbahe

                d. Karyawan marang pimpinane

                e. Wong kang durung kenal

Rumus krama alus :



No comments:

Post a Comment