Monday, 25 April 2022

UNGGAH-UNGGUH BAHASA JAWA

Unggah-ungguh basa Jawa ana 4, yaiku:

1. NGOKO LUGU

        • Tembunge ngoko kabeh

        • Ater-ater lan panambang ngoko

        • Tuladha : 

                a. Aku lagi maca bausastra.

                b. Adhiku lagi mangan bakso.

                c. Aldebaran mangan tela godhog.

                d. Syahrini gawe buku sing irah-irahane “Sesuatu”.

        • Panganggone ngoko lugu

                a. Guneman karo wong kang wis kulina/akrap (kanca karo kanca)

                b. Guneman pawongan kang lewih sepuh marang kang luwih enom.

                c. Guneman pawongan kang status sosiale dhuwur marang pawongan 

                        kang status sosiale luwih endhep.

        • Rumus ngoko lugu: 



2. NGOKO ALUS

        • Tembunge ngoko lan krama inggil

        • Ater-ater lan panambang ngoko

        • Tembung krama inggil kanggo ngurmati wong liya, sing didadekakae krama inggil yaiku:

                a. Tembung kriya (kata kerja), tuladha : mangan dadi dhahar

                b. Tembung sesulih ( kata ganti/pronomina), tuladha : kowe dadi panjenengan

                c. Tembung aran ( kata benda ), tuladha : umahe dadi daleme

        • Tuladha:

                a. Mas Ibnu lagi sare.

                b. Daleme Pak Lurah adoh banget

                c. Bukune diasta Mbak Inggiit

        • Panganggone ngoko alus

                a. Guneman wong kang wis akrap nanging tetep pengin ngajeni 

                        (guru kang wis akrap, adhi marang kakang utawa mbakyune)

        • Rumus Ngoko  alus:

 

3. KRAMA LUGU

        • Kabeh tembunge krama

        • Ater-ater lan panambang krama

        • Tuladha :

                a. Samenika semah kula nyambut damel wonten Semarang

                b. Sampeyan sampun nedha, Pak?

                c. Simbah sakit malaria.

        • Panganggone krama lugu

                a. Pawongan kang drajate luwih dhuwur  

                        marang andhahane nanging luwih tuwa.

                b. Marang tanggane nanging durung patia akrap.

        • Rumus krama lugu: 


4. KRAMA ALUS

        • Tembunge krama lan krama inggil

        • Ater-ater lan panambang krama

        • Tuladha:

                a. Simbah nembe gerah.

                b. Bu Dhe Rina sampun sare.

                c. Bapak nembe dhahar

        • Sapa sing nganggo basa krama alus?

                a. Murid marang guru

                b. Anak marang wong tuwane

                c. Putu marang simbahe

                d. Karyawan marang pimpinane

                e. Wong kang durung kenal

• Rumus krama alus :