Saturday 4 June 2022

Geguritan - Puisi tema anak sekolah

 Bocah Sekolah

Daning: Ramane fira

 


Kulup,

Mumpung srengenge nembe munggah

Dina esih katon sumringah

Gagiyan padha adus, sarapan, banjur sekolah

 

Senajan nganggo klambi bedhah

Senajan sepatu wujud tlumpah

Utawa nganggo srandal bakyah

Ati tetep kudu krasa bungah

 

Senajan awak krasa lungkrah

Merga kudu ngambah galengan sawah

Sing adohe ora lumrah

Ningen aja padha gelem kalah

 

Kulup,

Mumpung esih bocah

Umur aja diubah-ubah

Wektu aja degebyah uyah

Kudu bisa milah-milah

 

Mumpung srengenge esih semringah

Angin esih semilir

Banyu esih kemricik

Ati tetep kudu manembah

Supaya mukti lan urip berkah



No comments:

Post a Comment